“SEMAR MBANGUN KAHYANGAN”
(FIS Dream World & Choirunisa’s
Collection)
(Semar katon sedhih lan bingung, banjur
petruk kwatir terus nakoni semar)
Petruk :
“Rama, wonten punapa to? Dene rama katon sumelang??”
Semar :
“Aku ora apa-apa kok le. Aku mung kwatir setitik.
Petruk :
“Kwatir wonten punapa to rama?”
Semar :
“Aku kwatir marang kelangsungane Negara Amarta le.”
Petru :
“Kwatir napa to rama? Bilih Amarta damai diperintah marang Prabu yudhistira?”
Semar :
“Ngene wae le, siki kowe lunga menyang Amarta lan silihake pusaka Jamuskalimasada,
payung kencana, lan tombak.
Petruk :
“Kanggeh punapa to rama?”
Semar :
“Aku arep mbangun kahyangan le.”
Petruk :
“Mbangun Kahyangan rama?”(kaget)
Semar :
“Wis siki kowe lungaha le, bajur iku mbalika kowe karo pandhawa.”
(Petruk banjur mangkat menyang Ngamarta.
Tekan Ngamarta Petruk banjur nemoni Pandhawa lan Kresna sing jebule lagi neng
Ngamarta)
Kresna :
“Prabu Yudhistira! Kenangapa Semar ora rawuh ing pertemuan iki?”
Yudhistira : “Aku tunggal ora ngerti
prabu Kresna. Kowe padha ngerti apa ora adhi-adhi ku?
Kenangapa semar ora rawuh?”
Arjuna :
“Aku ya ora ngerti kakang.”
Nakula :
“Aku padha wae kakang, mbok biasane Semar mesti rawuh to?”
Sadewa:”Aku padha wae kakang, iki ora
biasane!”
Bima :
“Ha..ha..ha.. bisa wae pas ning dalan mrene Semar luwih, banjur mampir ning
ngendi ngono kanggo dhahar ndisik.”
Sadewa : “owalah kakang, sek dak pikirna
mung pangana wae.”
Bima :
“Weteng wareg iku sing marakna awak kuat lhoo!”
Arjuna :
“(geleng-geleng) wis wis dhewek iki lagi ngrembug keangapa Semar ora rawuh ning
kene.”
Kresna :
“Arjuna bener! Kudune Semar rawuh ning kene. Dhewek iki arep ngrembug babagan
Ngamarta. Semar bener-bener ora nduwe rasa tanggung jawab.”
Yudhistira : “Aja nesu ndisik Prabu
Kresna, Semar mesti nduweni alesan kenangapa ora rawu ning kene.”
Nakula :
“Aku setuju karo kakang Yudhistira, Semar ora rawuh nek ora nduwe alesan.”
(Nalika iku, ana punggawa sing ngabari yen
Petruk teka ing Ngamarta)
Kresna :
“Kenangapa Petruk sing mrene? Ana apa karo Semar?”
Yudhistira : “Supaya luwih jelas,
undhang wae Petruk mrene.”
(Petruk banjue mlebu neoni Pandhawa lan
Prabu Kresna)
Petruk :
“Assalamu’alaikum, Pandhawa lan Prabu Kresna?”
Pandhawa lan Prabu Kresna : “Wa’alaikum
salam.”
Kresna :
“Petruk, kenangapa sing teka mrene kowe udu Semar?”
Arjuna :
“Iya, lan kenangapa Semar ora rawuh ning kene?”
Petruk :
“Nuwun sewu Pandhawa lan Prabu Kresna kulo wonten mriki diutus kaliyan rama.”
Yudhistira : ”Apa pandhawuhe Semar
marang kowe Truk?”
Petruk :
“kulo didhawuhi rama ngampil pusaka Jamuskalimasada, Payung Kencana, lan
Tombak. Kangge mbangun kahyangan.”
Kresna :
“Apaa..(kaget)!!! Mbangun Kahyangan?”
Petruk :
“Inggih Prabu Kresna, rama uga ndawuhi kulo supados ngajak Pandhawa supados
kepanggeh kaliyan rama wonten ing Karang Kabuyutan.”
Kresna :
“Semar bener-bener nglunjak, ora sepantese Semar mbangun kayangan, nalika
dheweke wis diusir saka kayangan. Kowe aja padha nuruti Semar Pandhawa, aja
lunga menyang Karang Kabuyutan!”
Petruk :
“Mboten kados niku Prabu Kresna, rama mesti kagungan alesan piyambak sing
bener. Pokoke kulo mboten bakal mulih kecuali Pandhawa mrintah kulo.”
Kresna :
“Kowe iki bener-bener.”
Yudhistira : “Wisnto Prabu Kresna lan
Petruk, aja padha padu. Luwih apik, kowe metu ndisik petruk. Aku lan adh-adhiku
tak rembug ndisik masalah iki.”
Petruk :
“Inggih Prabu Yudhistira.”
(Petruk banjur lunga lan ngenteni ing
njaba paseban. Banjur, Antasena teka nemoni Petruk)
Antasena : “Assalamu’alaikum”
Petruk :
”Wa’alaikum salam”(katon lesu)
Antasena : ”Wonten nopo to truk? Dene
katon lesu?”
Petruk :
”Aku nembe diamanati marang rama ku le.”
Antasena : “Amanat napa to?”
(Petruk banjur nyeritakake kadadeyan mau
marang antasena)
Antasena : “Mboten sah kwatir Petruk,
aku setuju kaliyan panjengan, lan aku bakal ngrewangi panjenengan. Aku yakin
Semar mboten nglakoni sing salah. Semar iku bijaksana dadi Semar mesti ngertos
apa sing dak lakoni.”
(Jebule Kresna malah kongkon Gathotkaca,
Antareja, lan Setyaki supaya padha ngusir Petruk.Nanging Petruk tetep kekeh apa
manih Petruk direwangi Antasena.Wong 3 iku ora bisa nglawan Petruk sing bersatu
karo Antasena. Lan nalika iku Kresna lan Arjuna lunga menyang kayangan Suralaya
nemoni Bhatara Guru)
Bima :
“Prige iki kakang, kayane Prabu Kresna bener-bener nesu.”
Nakula :
“Iya, nanging dhewek uga ora isa nemtokake endi sing salah lan sing bener.”
Sadewa : ”Aku usul kakang, kepriwe nek
dhewek semedi wae ing ngarep pusaka-pusaka iku? Pusaka-pusaka iku sing bakal
nemtokake sapa sing salah lan sapa sing bener.”
Bima :
”Apa maksudmu kuwi adhiku?”
Sadewa : “Ngene kakang, yen pusaka iku
banjur mabur menyang Karang Kabuyutan nemoni Semar, berarti Prabu Kresna sing
salah. Nanging yen pusaka-pusaka iku isih ajeg ning kene berarti Semar sing salah.”
Nakula :
”Aku setuju kembaranku. Kowe bener-bener pinter, ora salah kowe dadi adhi
kembarku.”
Yudhistira : ”Yo uwis ndang ayo padha
semedi.”
(Pandhawa banjur semedi ing ngarep
pusaka iku. Jebule pusaka iku mabur menyang Karang Kabuyutan, iku berarti Prabu
Kresna sing salah. Banjur Pandhawa ngajak Petruk lan Antasena menyang Karang
Kabuyutan.)
Petruk, Antasena & Pandhawa :
“Assalamu’alaikum rama?”
Semar :
“Wa’alaikum salam, akhire kowe padha teka. Lha kenangapa kok Arjuna ora melu
mrene?”
Nakula :
”Nuwun sewu, kakang Arjuna dijak Prabu Kresna menyang Kayangan Suralaya.”
Antasena : “Inggih niku leres, rama
kaliyan Prabu Kresna tasih kepanggih Sanghyang Bhatara Guru.”
Semar :
“Yo wis, langsung wae marang tujuanku ngundang kowe padha mrene.”
Sadewa :
“Wonten menapa to, dene kulo lan kakang-kakang didawuhi menyang mriki?”
Semar :
“Ngene lho le. Kowe padha iku pemimpin Ngamarta. Apik lan ala ne Ngamarta ana
ing tangane kowe padha. Siki aku bakal nglakokna ritual supaya kowe padha bisa
mlebu ing awakku. Ing njero awakku iki ana Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang
iki sing bakal ngowehi kowe ilmu kanggo tuntunan uripmu.”
(Ing njero awake Semar para Pandhawa
diowehi wejangan urip marang Sanghyang Wenang, lan di dhawuhi semedi 10 dina.
Nanging wektu lagi semedi, Kresna sing di dhawuhi Sanghyang Bhatara guru
ngalangi semar mbangun kahyangan. Teka lan ngganggu semedi kuwi karo direwangi
arjuna.)
Kresna :
“Prabu Arjuna, miturut printahe Sanghyang Bhatara guru aku lan kowe kudu
ngalangi semar mbangun kahyangan.”
Arjuna :
“Inggih kulo ngertos, Prabu Kresna.”
Kresna :
“Ayo dhewek kudu cepet ngrampungna iki.”
(Kresna banjur nyamar dadi reksasa
segede gunung, lan Arjuna nyamar dadi macan sing gede banget. Banjur wong 2
kuwi ngganggu semar, nanging wong 2 kuwi ora saguh ngalahna mantrane semar.)
Semar :
“Prabu Kresna!!! Kenangapa kowe lan Prabu Arjuna ngganggu upacara iki!!!”
Kresna :
“Semar, aku krungu yen kowe nyilih telu pusaka kanggo mbangun kahyangan. Iku
nyalahi kodrate kowe semar. Kowe iku wis di usir saka kahyangan. Ora sepantese
kowe malah ngrencanakake kanggo mbangun kahyangan anyar!!”
Semar :
“Kowe aja gegabah yen durung ngerti perkarane, Prabu Kresna!! Aku ngundang para
Pandhawa lan nyilih pusaka-pusaka iki, kanggo ngowehi para pandhawa wejangan
urip supaya dadi manungsa sing bijaksana kanggo dadi pemimpin Negara Ngamarta.
(Semar banjur nesu marang Kresna, deweke
iku raja nanging malah gegabah tanpa ngeri duduk perkarane. Kresna lan Arjuna
banjur njaluk ngapura marang Semar.)
Arjuna :
“Rama semar, kulo nyuwun ngapunten. Kulo sampun kurang ajar kaliyan rama. Kulo
uga nyuwun ngapura kalih kakang lan adhi.”
Kresna :
“Inggih Semar, aku sadar aku salah. Apa sing dak lakoni mau iku ora bijaksana
lan gegabah.”
Semar :
“Wis ora apa-apa, kedadeyan iki bakal dadi pelajaran kanggo kowe padha. Aja
seneng nyalahna wong liya, yen kowe ora ngerti permasalahan sing sak benere.
Apa sing dak pikir kowe bener, durung mesti iku pancen kadadeyan sing sak
benere. Mula dadi manungsa, aja seneng mikir sing ala. ”
(Akhire para pandhawa, Kresna lan
Antasena mulih menyang Negara Ngamarta.)
Choirunisa’s
Collection